Allah Sarwo Mangertosi

Standard

Jamaah jumat ingkang dimulyaaken dening Allah,

Salah setunggaling sifat Allah meniko Maha Mengetahui, sarwo mangertosi, nopo kemawon. Ingkang saged dipun tingali manungso, nopo ingkang mboten saged dipun tingali. Nopo ingkang wonten ing alam, nopo ingkang wonten ing atinipun menungso, Allah sumerep.

Atinipun menungso, olo nopo sae mboten wonten ingkang saged mangertosi kejobo Allah. Wonten ingkitab Al Qur’an Surat Al Baqoroh ayat 77 Allah ngendikan:

ﺍﻮﻻﻴﻌﻠﻤﻮﻦﺍﻦﺍﷲﻴﻌﻠﻢﻤﺎﻴﺴﺮﻮﻦﻮﻤﺎﻴﻌﻠﻨﻮﻦ

Ingkang artosipun:

Tidakkah mereka tidak mengetahui bahwa Allah mengetahui segala yang mereka sembunyikan dan segala yang mereka nyatakan.

Nopo tiyang-tiyang meniko mboten mangertosi bilih Allah meniko sumerep nopo kemawon ingkang dipun wingitake lan sedoyo ingkang nyoto, Allah sumerp menopo kemawon ingkang mboten ketingal kalian menungso, Allah sumerep nopo kemawon ingkang mboten saged dipun mangertosi.

Raos nopo kemawon ing manah kulo lan panjenengan, Allah mersani. Roso seneng, susah, bingung, lan nopo kemawon.

Atinipun menungso, sanajan mboten ketingalan kaliyan tiyang sanes, nanging Allah sumerep. Penyakit nopo kemawon sing wonten teng atine menungso, saged dipun tingali kaliyan Allah. Salah siji penyakit ati ingkang mbebayani nggih meniko kesombongan, amergi kesombongan sing wonten teng njerone ati, angel dipun persani. Ananging kesombongan meniko, saged ngrusak samubarang amal kebaikan. Bilih teng ati sampun wonten bibit-bibit kesombongan, akhiripun saged terwujud wonten ing tingkah lakunipun, saged terwujud melalui omonganipun.

Kesombongan wonten ing atine menungso, sanajan alit, ngih saged dipun persani kalian Allah, mulo meniko, Nabi Muhammad SAW, ngelingake supados kulo lan panjenengan sami saged njogo, ampun ngan tos wonten raos sombong wonten ing manah. Amergi, meski kesombongan meniko alit, Allah tetep sumerep, lan mboten dipun benerake. Nabi nate ngendiko:

”Mboten bakal mlebet ing Neroko, wong sing ning njero atine ono keimanan senajan gedene mung sak wiji sawi, lan ora bakal mlebu ing suwargo wong ingkang wonten ing atine ono roso sombong meski gedene sak wiji sawi.” (H.R. Muslim kalian abu Dawud)

Amergi jelas, bilih kesombongan meniko saged ngrusak tatananipun urip, saged ngrusak aturanipun Allah. Lan sampun cetdo bilih kesombongan meniko saged ndadeake menungso lali marang sopo awake, lali marang sopo wae sing ono ing sisehe, lan lali maring Allah kang nguasani jagad.

Wong kang seneng mbanggakake awake, wong kang seneng ngagul-agulake kemampuane, wong kang rumongso linuwih timbang liyane, terusane mung bakal ngremehake marang liyane, bakal ngremehake sopo wae kang ono ing kiwo tengene, lan bilih diterusake bakal dadi wong kang lali mareng sopo sak temene awake. Dadine mung bakal dadi wong kang lali marang dzat sing nyiptakno dewekne, bakal lali bilih Allah meniko Maha Kuasa ing samubarange, lali bilih gusti Allah meniko ingkang sampun maringi kelebihan ing awake, dadine lali bilih gusti Allah meniko pengeran kang kudu disembah, kang kudu di taati, kang kudu dimulyaake tinimbang sing liyane.

Jamaah jumat ingkang dimulyaaken Allah

Allah meniko mboten remen bilih makhlukipun nggadahi sifat sombong, ngadahi sifat ngremehake maring liyane, mulanipun sampun katdah conto ingkang dipun paringake gusti Allah tumprapipun makhluk ingkang sombong, sampun katdah conto akibat saking kesombongan meniko.

Temtu kulo lan panjenengan sami taksih emut, amergi kesombonganipun, Iblis mboten purun sujud kalian Adam, amergi rumaos langkung sae tinimbang Adam, amergi rumaos sampun dipun ciptaake langkung rumiyin tinimbang Adam, amergi saking segi kemampuan rumaos linuwih tinimbang Adam, akibatipun Iblis meniko dipun usir Allah saking sak njerone suwargo.

Amergi meniko, Nabi ngemutake umate:

” Ati-atio siro kabeh mareng sifat sombong. Sebab sak temene Iblis, amergi dorongan saking sifat sombongipun mboten purun sujud kalian adam.” (H.R. Ibnu Asakir)

”Wong-wong kang sombong bakal dikumpulake ing dinten kiamat, kados semut kang alit sing awujud wong-wong lanang. Wong-wong kuwi hina ing panggonan pundi kemawon, banjur wong-wong kuwi mau digiring moro ing penjara Bolis ing sak njerone neroko jahannam. Ing tengahe wong-wong kuwi mau ono geni sing ngobong awake, ngombene wong-wong kui mau awujud peresan racun lemah neroko” (H.R. Nasa’i dan Tirmidzi)

Kadtah sanget peringatan kagem menungso supados mboten dados tiyang ingkang sombong, ingkang gampang ngremehake liyane, ingkang ngagul-agulake kemampuane. Padahal, bilih dipun telusuri, kemampuan nopo kemawon ingkang dipun gadahi menungso meniko titipanipun Allah, amanahipun Allah. Sak wayah-wayah Allah saged njabut, saged ngilangi, saged njupuk kemampuan ingkang dipun amanahake.

Tiyang sombong amergi sugih, gusti Allah saged ngilangake kesugihanipun kanti sekedepan, kados Qorun, tiyang ingkang sugihipun mboten wonten tandingane ing alam donyo, emas, perak intan berlian, mboten saged dipun taker maleh. Sak sampunipun kiiyambake dipun amanahi Allah harta ingkang berlimpah, malah kiyambake dadi sombong, dadi congkak. Akiripun gusti Allah ngamblesake hartanipun wonten ing sak njerone bumi. Namung sak kedepan, bondo pirang-pirang ilang tanpo siso.

Tiyang sombong amergi nggadahi awak sing kuat, prigel, lincah samubarange, sekedepan moto, Allah saged ngilangake kekuatanipun, keprigelanipun lan kelincahanipun. Gampil kemawon mungguing Allah, tiyang ingkang kuat badanipun, saged sekolo kelaran, lan musno kekuatanipun. Ilangg samubarang ingkang dipun banggaaken saking badanipun.

Tiyang sombong amergi nggadahi kuoso, kados Fir’aun. Fir’aun dipun amanahi kaliyan Allah kekuasaan ingkang Ageng, nanging kekuasaan meniko malah ndadosake kiyambake sombong, mboten purun tunduk kaliyan perintahipun Allah, mboten purun ngugemi aturanipun Allah, ngremehake lan nyepelekake liyane, nganggep bilih kiyambake meniko langkung sae, langkung kuat, tinimbang menungso liyane, tinimbang makhluk Allah liyane, akhiripun, Allah melalui nabinipun, nggih meniko Musa a.s. menenggelamkan Fir’aun kedalam laut. Kekuasaan ingkang dipun andalake, kekuasaan ingkang dipun agul-agulaike, ilang musno sak kedepan moto.

Jamaah jum’at ingkagn dipun mulyaaken dening Allah.

Kita hidup di dunia meniko namung sakwetawis, namung sekedap. Mboten dangu. Amrih meniko, ampun ngantos nglanggar ,nop[o-nopo ingkang sampun digarisake dening Allah, ampun ngantos ngelanggar aturanipun Allah. Allah mboten remen kaiyan tiyang ingkang sombong, ampun ngantos sombong. Allah nganjurake sup[ados sholat, nggih kedah sholat. Allah merintahake supados shiyam, nggih kedah siyam. Allah nglarang maisir, nggih ampun judi.

Nopo kemawon ingkang dipun larang kaliyan Allah, mesti teng mriko wonten kesaean kagem manungso meniko, kesombongan, kedengkian, meniko nggih akhiripun bakal ndamel menungso meniko dados menungso ingkang mboten dipun remeni sanesipun. Amergi sampun dados sifatipun menungso, mboten purun dipun remehake liyane, sanajan kepripun kemawon. Al Ghozali nate ngendiko:

”Sing sopo wonge nganggep bilih awakipun langkung sae tinimbang setunggal kemawon saking makhlukipun Allah, kiyambake kalebet tiyang ingkang sombong”

Dados kalebet kesombongan, tiyang ingkang ngremehake tiyang sanese, sanajan opo sing dipun omongake mungguhe tiyang kui mau sesuai kaliyan kenyataan. Meski wonten tiyang ingkang kadosipun lemah, mboten dipun remeni kaliyan Allah bilih kito ngremehake kiyambake. Sampun dados kebiasaanipun menungso, mandeng samubarang niku amergi nopo-nopo ingkang saged dipun tingali. Menawi mawon, bilih wonten tiyang ingkang pakaianipun kumel, sandalan jepit, nyengkiwing tas plastik mertamu wonten ing ngriyanipun kulo panjenengan sami, wonten prasangka sing mboten sae kelawan tiyang mau, teng ati bakal wonten krentek bilih tiyang mau bakal ngemis, tiyang mau mung bakal nyuwun tulung, lan ngrepoti kemawon. Roso ngremehake amergi penampilan, menawi mawon sampun dados kebiasaan teng masyarakat kito.

Amergi meniko, kulo ngemutake awak kulo pribadi lan jamaah jumat sekalian.  Monggo sareng-sareng berusha ngilangi kesombongan sing taksih sering bertengger wonten ing dodo, monggo sareng-sareng berusaha ngilangi sifat lan kebiasaan ngremehake tiyang sanes.

Jamaah jumat ingkang minulyo.

Beberapa ulama nyeritakake: wonten ing gunung Shofa aku ningali tiyang jaler ingkang nembe nunggang keledai dikelilingi kaliyan pembantu-pembantunipun. Kiyambake kejam lkaliyan tiyang-tiyang sing wonten ing sekitaripun. Ing salah sawijining dino ingsun ningali kiyambake teng Baghdad. Kiyambake mboten sandalan, rambutipun dowo ora ketoto, ingsun nangkleti: opo sing wis dikersakake Allah mareng siro? Kiyambake njawab: ”ingsun nyombongake awak ingsun ing panggonan sing wong-wonge podo tawadhu kaliyan Allah, akhiripun Allah ngrendahake ingsun ing panggonan sing wong-wonge podo berlaku congkak.

Ya Allah, paringono kulo sikap tawadhu lan angkat derajat kulo ing panggonan sing duwur, adohaken kulo saking sikap sombong. Dadeaken kulo umat Muhammad ingkang taat maring perintahipun Njenengan. Dadosaken kulo meniko, hamba ingkang nyekel kuat-kuat Al Qur’an damel petunjuk urip kulo, dadosaken kulo tiyang ingkang ngugemi hadis, ndadosaken Hadisipun nabi Muhammad tuntunan.

Al Baqoroh 82-83

ﻮﺍﻠﺬﻴﻦﺍﻤﻨﻮﺍﻮﻋﻤﻠﻮﺍﺍﻠﺼﻠﺤﺖﺍﻮﻠﺀﻚﺍﺼﺤﺐﺍﻠﺠﻨﺔﻫﻢﻔﻴﻬﺎﺨﻠﺪﻮﻦ

ﻮﺍﺫﺍﺨﺫﻨﺎﻤﻴﺛﺎﻖﺒﻨﻲﺍﺴﺮﺍﺀﻴﻞﻻﺘﻌﺒﺪﻮﻦﺍﻻﺍﷲﻮﺒﺎﻠﻮﺍﻠﺪﻴﻦﺍﺤﺴﺎﻨﺎ

ﻮﺫﻯﺍﻠﻘﺮﺒﻰﻮﺍﻠﻴﺘﻤﻰﻮﺍﻠﻤﺴﻛﻴﻦﻮﻘﻮﻠﻮﺍﻠﻠﻨﺎﺱﺤﺴﻨﺎ

ﻮﺍﻘﻴﻤﻮﺍﺍﻠﺻﻠﻮﺓﻮﺍﺘﻮﺍﺍﻠﺰﻛﻮﺓﺛﻢﺘﻮﻠﻴﺘﻢﺍﻻﻘﻠﻴﻼﻤﻨﻛﻢﻮﺍﻨﺘﻢﻤﻌﺮﻀﻮﻥ

*******

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s