Ndamel Hukum Kiyambak

Standard

Menungso meniko kedah nggadahi cepengan, kedah nggadahi panduan lan panutan. Amergi bilih mboten, sami kemawon menungso meniko kados makhluik liar, kados makhluk ingkang mboten gadah aturan, tumindak samubarang naming nuruti karep lan kepentinganipun kiyambak.

Nggadahi cepengan agomo, meniko nggih kedah sesuai kaliyan nopo ingkang dipun cepeng, mboten angsal agomo naming dipun dadosake tameng kemawon, naming dipun dados penghias kemawon, naming dianggep rasukan kemawon. Amergi islam gadah aturan kiyambak, gadah tata coro kiyambak. Allah kang Moho Kuwaos, nggadahi aturan damel menungso, sebab kiyambake ingkang nggadahi kuwaos wonten ing Langit lan ing bumi,..

“sak temene bertasbih kelawan Allah nopo kemawon ingkang wonten ing langit lan ing bumi, namung Allah ingkang nggadahi sedoyo kerajaan lan sedoyo puji-pujian, lan Kiyambake Moho Kuwaos maring samubarang,…”

Bilih dipun tingali, terkadang dipun panggihi, tiyang ingkang nentok’ake hokum utawi aturan agomo naming dipun dasarake kiro-kiro, namung  dipun landasi perkiraanipun kiyambak. Sebab Islam gadah aturan kiyambak ingkang sampun sempurno, ingkang sampun pepek.

Bilih Halal utawi Haram meniko di tentokake kaliyan kiro-kiro, dipun tentok’ake kaliyan pemikiranipun kiyambak, bakalan rusak Aturan agomo meniko, bakalan mundur perkembanganipun agomo meniko.  Sebab bilih nentok’ake hokum namung saking kiro-kirane tiyang tertentu, ingkang mengken mesti benten kaliyan tiyang sanese, bakal ndadekke aturan Agomo meniko benten-benten. Mbotenb seragam, mboten gadah patokan ingkang sak mestine.

Mungkin kemawon kito sering miring, tiyang ingkang ngucap “Khamr bilih sekedik meniko mboten nopo-nopo, sing penting mboten ngantos mabuk” utawi “Sholat kadangkolo bolong nggih mboten menopo-menopo” utawi “Ora poso mergo ora kuat yo ora opo-opo”…

Kalimat-kalimat ingkang kados mekaten meniko kedah dipun waspadai, amergi kalimat meniko sami kaliyan nentok’ake hokum agomo kiyambak, nentok’ake Halal lan haram saking pikiranipun kyambak, ingkang jelas bertentangan kaliyan nopo ingkang sampun dipun tentok’ake kaliyan Allah… sekilas meniko katon remeh, nanging sak temene meniko amrat wonten ing ngajengipun Allah. Amergi tiyang ingkang ngucap kolo wau, nentang kaliyan nopo ingkang sampun Allah temtok’ake, ndamel hukum kiyambak, ingkang bertentangan kaliyan Hukumipun Allah.

Mutusake hukum kiyambak tanpo ilmu, meniko sami kemawon kaliyan nuruti bujuk rayune setan, sami mawon smapun terjerumus jebakkanipun setan, padahal Allah sampun ngemutake supados kito sampun ngantos tumut langkahipun setan,…

Ÿ“Lan siro kabeh ojo podo melu dalanipun setan, sak temene setan meniko musuh ingkang nyoto (QS. Al-Baqoroh:168)”

Wonten ing Dienul Islam, Hukum meniko kedah netepi nopo ingkang sampun digarisaken, hukum paling inggil nggih meniko Al Qur’a, banjur Hadits Rasulullah, banjur nembe ijma’ ulama. Dados sedoyo keputusan, kedah dipun putusaken berdasarkan Al Qur’an, lan Hadits. Ampun ngantos klenta-klentu nopo malih sak karepipun kiyambak.

Sedoyo ketentuan, Halal, haram, makruh, mubah,… meniko kedah tumut nopo ingkang sampun dipun putusaken. Bilih mboten, meniko artosipun kito sampun terjebak wonten ing dalanipun setan, terjebak kaliyan pengaruh lan pemikiranipun setan. Medal saking nopo ingkang sampun dipun garisaken kaliyan Allah

Amregi meniko, kito kedah waspodo, ampun ngantos medalaken ketentuan utawi aturan saking perkiraan lan pemikiran kito kiyambak. Biliih mboten sumerep, langkung sae, bilih tanglet tiyang ingkang langkung alim, ingkang langkung pinter wonten ing babakan agomo, supados kito terhindar saking kategori tiyang ingkang ndamel hokum kiyambak.

Mugi Allah selalu paring pangapunten dumaten kulo lan panjenengan sami, mugi Allah senantiasa memberikan petunjuk dumateng kito, supados kito dados tiyang ingkang beruntung wonten ing ndonyo lan akhirat…

Leave a comment