Tag Archives: khutbah boso jowo

Yakin ing dalan Islam

Standard


Jamaah jum’at ingkang dimulyakake dening Allah,..

Moggo sareng2 ngucapake roso syukur dumateng Allah, amergi saking kemurahan rahmatipun, kulo lan panjenengan sami saged kempal teng majelis meniko kanti keadaan kang sae mboten kekirangan setungal punopo. Amergi saking Rahmatipun Allah, kulo lan panjenengan sami taksih gadah kesempatan ngatah-atahi amal kebajikan. Sholawat soho salam kalimpahaken dating Nabi Muhammad SAW, kang kautus dening Gusti Allah madangi ndonyo sak isine kanti sedoyo keutamaan kesaean, njelasake nopo kemawon kang samar, nunjuk ake dalan kang penuh limpahan rahmat damel menungso lan sedoyo isi ndonyo. Read the rest of this entry

Roso Syukur

Standard

Jamaah jum’at ingkang minulyo,..

Perhatikan, nikmat ingkang dipun limpahaken Allah kagem jamaah jumat sedanten, tingali jasmani panjenengan, rasukan ingakng panjenengan agem, makanan ingkang panjenengan gadahi, kesehatan badan panjenengan sami, kondisi keluarga panjenengan, lan sedanten ingkang Allah limpahake dumateng panjenengan. Alhamdulillah, sedoyo pujo puji kita kedah tansah haturaken  kagem Allah SWT ingakng sampun nglimpahaken nikmat-nikmatipun ingkang mboten kinten2 katahipun. Alhamdulillah ugi damel nikmat Hidayah ingakng Allah limpahaken dumateng kito sedanten, ingkang mboten wonten bandingipun. Read the rest of this entry

Ndamel Hukum Kiyambak

Standard

Menungso meniko kedah nggadahi cepengan, kedah nggadahi panduan lan panutan. Amergi bilih mboten, sami kemawon menungso meniko kados makhluik liar, kados makhluk ingkang mboten gadah aturan, tumindak samubarang naming nuruti karep lan kepentinganipun kiyambak.

Nggadahi cepengan agomo, meniko nggih kedah sesuai kaliyan nopo ingkang dipun cepeng, mboten angsal agomo naming dipun dadosake tameng kemawon, naming dipun dados penghias kemawon, naming dianggep rasukan kemawon. Amergi islam gadah aturan kiyambak, gadah tata coro kiyambak. Allah kang Moho Kuwaos, nggadahi aturan damel menungso, sebab kiyambake ingkang nggadahi kuwaos wonten ing Langit lan ing bumi,.. Read the rest of this entry

Tulung Tinulung ing Kesaean

Standard

Jamaah jumat ingkang dimuliaaken dening Allah.

Wonten ing ndalem kesempatan ingkang sae puniko, kawulo ngajak dumateng panjenengan sami, monggo kito sareng-sareng tanswah netepi taqwa dumateng Allah ta’ala kanti nindak ake sedoyo perkawis ingkang dipun perintahaken lan nebihi sedoyo perkawis ingkang dipun larang, supados kito sesarengan pikantuk kabegjan lan kamulyan, awit saking alam ndonyo ngantos benjing wonten ing akhirat.

Monggo kito giyataken tali persaudaraan kito, kaliyan saling tulung-tinulung wonten ing kesaean lan taqwa lan sampun ngantos kito puniko tulung-tinulung wontening perkawis maksiat dhateng Allah ta’ala. Read the rest of this entry